Friday, August 05, 2005

Dibalik Layar Kuis Siapa Berani Indosiar

Abot sanggane. Maune aku ora patia percaya. Lita Soewardi telpon Inyong sing intine HIPPMAS kon melu Kuis Siapa Berani (KSB) Indosiar. Wektune ora suwe, tanggal 4 Agustus. Wektu kuwe aku diwei ngerti Lita liwat telpun kurang lewih rong minggu sedurunge tanggal 4 Agustus. Jan aku klabakan temenanan. Klabakan ora sebab arep kon maju melu KSB, ning sing arep kon melu sapa? Lha wong HIPPMAS bae esih bayi, anggotane jane wis ana sekitar 40, tapi urung tau kumpul pul kabeh. Paling-paling pirang glintir sing pancen biasa mondar mandir nang paguyuban Banyumasan. Contone ya Inyong dhewek, Kang Eko Bawor, Kang Marsono alias Mas No, Pak Untung Suwignyo.

Terus aku njajal SMS maring anggota HIPPMAS liane sing nomer HP ne ana nang phonebook HP-ku. Ana Resy, Detrie, Nina Nuryana, Emi Pujiati, Dhina, Kang Ali S, Kang Fahmi. Nganti tekan seminggu latihan, wong sing melu latihan nembe kurang lewih 10 wong. Detrie esih nang Bali, Resy lagi nang Makassar, Bojone Marsono sing maune arep melu esih nang Malang. Nina esih nang Rawalo. Tujune Kang Ali S. gerak cepat. Kang Ali S langsung inisiatif nggawa kanca lan sedulur mbok jere sapa pesertane esih kurang. Terus digawa Kang Sigit, Mas Gatos S, Mba Sri M, Yu Nuur karo kancane Yu Nur sing jenengane Bety maring nggon latihan nang Cempaka Putih.

Mas Untung Suwignyo ndeleng sing latihan esih kurang wong terus nelpun Mas Edwin. Ee ora dinyana Mas Edwin sing Inyong uwis kenal sedurunge bungah pisan kon melu KSB. Lha seteruse Kang Edwin nggawa kancane, Mas Herry Marhono lan Bintoro. Tekan ngonoh urung rampung, sing arep kon dadi pengiring musik, Pak Cipto karo putrane Bu Kessy sing kon melu ora gelem. Waduh kepriwe kiye. Ya uwis lah, ora nganggo musik-musikan ya ora papa. Tapi Kuasa Allah, ternyata Mas Herry Marhono sing melu latihan belakangan, ternyata duwe studio musik lan pancen pinter musik. Ya uwis kloplah, latihan berikut Mas Herry wis nenteng Organ.
Lha latihan karo deiringi musik rasane lewih kepenak tur nembange bareng ora pating kethanthil.

Seminggu sedurunge tampil. Lita nlpon maning Inyong nek kemungkinan Group HIPPMAS arep menang terus melu KSB Sekali dina jemuah. Berarti dina Kemise melu KSB, dina jemuaeh langsung KSB sekali, wah,,,,kelabakan. Saking terbatase wektu ketemuan, Mba Lita ndikte nyanyian nggo KSB Sekali liwat telpon.

Dadi seminggu menjelang tampil, latihane ora mung se-lagu, ning rong lagu lan rong gaya. Ora gumun angger lagu sing nggo KSB sekali, pada urung apal. Apamaning gayane. Dites siji-siji nang Lita. Aku karo Kang Ali S sing dites keloron bae urung apal. Terus sing liane, ya pada urung apal. Apamaning Mas Gatot, lucu banget. Dites kon nembang, malah bolak-balik takon bae. Persis kaya pelawak srimulat arep kon nembang. Takon bae ora molai-molai nembang.

Latihan ora mesthi lancar. Sing paling nggegeti tur nggregeti kiye Mas Harry Marhono, pengiring musik. Kancane wis pada teka jam 7, setengah wolu ditelpun jere nembe mlebu tol kebon jeruk. Magane ngerti dhewek, jalan tol nang njakarta ora tau bebas macet. Ya uwis, tekan nggon latihan ya biasane jam 9. Angger wis kaya kuwe kanca-kanca terpaksa kudu mulur wektu latihane nganti jam 10 utawa 11 mbengi.

Latihan Dina Minggu dadi arena nggo golet klambi sing jenengane Armylook. Rame-rame maring ITC Cempaka Mas, nggolet klambi Armylook. Inyong dhewek karo bojo ora puas nggolet nang kono, terus plencing maring Pasar Senen. Lha nang Senen lantai 3 kan nggone klambi-klambi tentara. Ya uwis tuku bae nang kono. Regane ya lewih murah.

Pas Dina Kemise, tanggal 4 Agustus, jan-jane peserta kon padha ngumpul jam 08.00 nang Studio Indosiar. Mangkat sekang ngumah dewek-dewek. Tekan jam 08.00, sing keton wis tekan nang Studio nembe pirang glintir. Atiku deg-degan, mbok nganti pada telat. Lita dewek tek tlepun esih nang Semanggi. Nganti tes yel-yel wis dimolai, Kang Sigit urung keton. Jere esih macet nang tol kebon jeruk. Pancen si ana Mas Untung sing cadangan, ning Lita dewek ya urung keton. Mentale padha molai ciut krungu Yel-yel kelompok liane sing kompak banget,sementara Lita sing nggo ndel-ndel urung tekan.

Untung, jam 09.00 Lita muncul wektu lagi grup HIPPMAS lagi dites yel-yel. Dasar artis, keri ora grogi utawa isin, ya langsung melu ngibing sekang kadohan. Kabeh wong sing nang studio pada mendelo ndeleng Lita sing tekane keri. Ora mendelo jengkel, ning mendelo seneng. Lita wis teka. Mental molaih pulih.

Pas Jam 09.30 acara KSB molai, MC-ne Maudy Kusnaedi karo Izhur. Group HIPPMAS olih giliran disit dewek, nembang yel-yel. Terus kelompok B,C,D lan E. Kelompok B Sekang Makassar, kelompok C sekang Arema Malang, kelompok D sekang luar jawa, kelompok E sekang keluarga Panggabean. Sing keton kompak banget pancen kelompok E sekang keluarga Panggabean.

Seteruse, sekang Group HIPPMAS sing juara 1 olih hadiah TV 21 inci, Marsono. Juara 2 olih kompor gas, Lita Soewardi, juara 3 olih peralatan masak, Emi Pujiati, juara telu olih olih Rice Cooker, Bojoku, Esti Kusumastuti, juara 4 olih panggangan roti, Eko Purwanto Bawor. Terus unggal peserta olih Indomie setengah dus karo minyak goreng 2 botol lan mentega bungkus 2 sachet. Uga olih uang transport sekang PT Triwarsana, penyelenggara Kuis, Rp.400.000.
Lumangyan. Baline mampir KFC, mangan bareng ngiras-ngirus milih kepengurusan HIPPMAS lan ngrembuk rencana kegiatan HIPPMAS. Ji,,,,ro,,,,lu,,,,pat. Hidup HIPPMAS