Friday, June 24, 2005

Tunggu Manuk

Esuk uput-uput aku wis nang gaga. Pari gaga sing ditandur wis padha isi lan temungkul kaboten isi.Kaya biasane aku kon tunggu manuk kone ramaku, aja nganti manuk-manukmau padha mangani pari. Kanggo mbuang sepi aku nggawa radio merk Cawang 2 band, MW karo SW, sing bisa ngrungokna siaran RRI Purwokerto.

Aku angger dina Minggu esuk ora keri nunggu-nunggu siaran sekang RRIPurwokerto, terutama acara MIRA, Minggu Gembira. Jan suarane penyiare renyah banget, pantese sing duwe suara ya ayu.Gaga (ladang) duweke ramaku ora adoh sekang umahku, mung sekilometer adoeh,,,,dadi angger awan-awan wis kencot, ya aku bali dhisit maring ngumah madhang awan. Lawueh jan enak banget, jangan gandhul, tempe goreng, karo krupuk plembang sing regane selawe perak. Segane punel anget, ditambah sambel trasi. Waduh,,,,,,uenake,,,.Biasane wong nang ndesaku angger mangsan pari gaga, mesthi gaga padha detunggoni, aja nganti parine dithotholi manuk, jan kebiasaan ngati-ati utawa hemat sing bisa diconto kanggo jaman siki. Biasane nggo mbantu nggurah (ngusir) manuk, gawe wong-wongan utawa bendera-bendera sekang plastik, kon sangkane manuke padha wedi, dadi mabur maning angger menclok nang wit pari.

Pegaweaane masyarakat nggonku pancen sing akeh petani.Ning sing lewih akeh maning petani sing ora duwe sawah utawa gaga (ladang), alias mung buruh tani.Angger esuk-esuk wong wis gemlidir liwat dalan sebelah umaeh ramaku.Ana sing nggawa arit, ana sing nggawa kranjang, pacul lan lia-liane alat pertanian. Sing akeh ya mung padha arep mburuh kerja nang sawaeh juragan. Biasane angger wit pari wis kuning, wis owe, wis mangsane dipet, tangga-tanggaku kuwe mau padha melu derep, alias ngemet pari nang sawah utawa gaga. Biasane mbawon, utawa presenane mara pira,mara sepuluh apa mara limolas. Angger mara sepuluh ya angger olih sepuluh kilo upaeh sekilo, angger mara limolas berarti ulih sekilo angger derepe olih limolas kilo.

Pancen rekasa. Ning kepriwe maning.Ora nana pilihan urip, kanggo nyukupi kebutuhan mangan anak lan putune.Jan-jane angger kon milih kepengin dadi apa, kayane si kepengin dadi pejabat. Ning boro-boro dadi pejabat wong sekolaeh bae mung nganti kelas 2 utawa 3. Paling dhuwur ya sing bisa tamat SD. Dadi wis mesthi ora adoh-adoh, angger ora buruh macul utawa matun, ya paling-paling dagang sayuran utawa buah-buahan cilik-cilikan nang pasar.Kemiskinan kayane pancen turun temurun. Kawit wong tuane pancen wis dadi wong ora duwe. Ditambah maning semangat nggo ngenyam pendidikan sing lewih dhuwur kayane ora nana. Ya uwis.

Mbuh kepriwe pemerintah kayane ora tau tanggap maring kahanan rakyat cilik, termasuk sing nang ndesaku.Ana siji loro sing bisa dadi pegawe. Pegawe kelurahan, kecamatan,guru, utawa pegawe bank BRI. Ning pancen sing bisa dadi pegawe mau mesthi rata-rata anake wong cukup utawa wong sugih. Soale wis mesthi bisa nyekolahna anake nganti dhuwur, utawa bisa nyogok kon anake bisa dadi pegawe.

3 comments:

Admin said...

Kuwe crita taun pira pak Ali

http://maskurmambangr.wordpress.com/

Ali Rahmat said...

Maaf kiye nembe ngerti ana pitakonan. Cerita kaya kuwe ya anu jaman aku SD ya sekitar tahun 74 tekan tahun 79 an,,,

Lurah Banyumasan said...
This comment has been removed by the author.